Syiir Bangunan Islam Pujian versi KH Agus Suaidi Sufyan

Pada postingan kali ini saya akan membagikan lirik / syiir yang bisa kita gunakan untuk pujian atau sholawat yang mana syiir ini kaangan milik beliau KH Agus Suaidi Sufyan pengasuh PonPes Raudlatul Muttaqin Talun Sidogembul Sukodadi Lamongan ang berjudul BANGUNAN ISLAM

bgaimana syairnya?? berikut lrik atau syiir yng bisa kita gunakan untuk pujian atau sholawat



BANGUNAN ISLAM

1. Kanthi bismillah ingsun miwiti Syi'ir 

    Bagus dirungokno, diwoco, dipikir 

    Kanggo nggayoh kabejan ing dino akhir 

    Wonten Suargo ningali Allah kang Dhohir.

2. Islam iku kebangun Limo Rukune 

    Siji Syahadatain dadi pondasine 

    Jumenengake Sholat nomer lorone 

    Telu Zakat papat Poso limo Hajine. 

3. Sholat iku minangka cagak agomo 

    Sopo wong kang Sholat ngedekno agomo    

    Wong kang ninggal Sholat ngrubuhno agomo 

    Milo ojo ngremehno Sholat kang limo. 

4. Dzuhur, Ashar, Maghrib, Isya, lan Shubue    

    Kanthi khusyuk ojo lali sak Qunute 

    Apik elek Sholat dadi ukurane 

    Awal Hisab besok ing akhir dinone. 

5. Sholat ijen ibarate cagak cilik 

    Cagak cilik bangunane jungker walek 

    Yen Jamaah ibarate cagak gede 

    Cagak karo atap podo nguatake 

6.Cagak tanpo atap ora ono gunane 

    Atap tanpo cagak iku mesti ambruke. 

    Makna Zakat iku mundak lan sesuci 

    Tur Barokah dunyo akhirate aji 

7. Yen 'ra Zakat, Sholate ora ketrimo 

    Yen 'ra Sholat, ugo Zakat 'ra den trimo.

    Cagak gede bangunane kokoh tur gede. 

    Zakat minangka atape agomone

8. Poso iku minangka tembok agomo 

    Kanggo ngrekso saking tumibane sikso 

    Ndidik Umat anduweni jiwo lumo

    Kanthi lesu nasib Faqir biso diroso. 

9. Haji iku nyempurnakno agomone 

    Nguatake mbagusake sekabehane

    Lamun biso ngasilake kemabrurane 

    Manjing Suargo iku dadi jaminane.

10.Tondo-tandane wong kang mabrur Hajine

    Bakdo Haji mesti ono peningkatane 

    Amal bagus marang Allah lan Makhluqe 

    Ningkat Islam, Iman, Ihsan, lan Taqwone.

11.Rukun Iman iku ono 'Nem Jumlahe

    Iman marang Allah lan Malaikate

    Ugo kitab kitab suci lan kabehe 

    Rosul, dino Qiyamat, Qodho Qodare.

12.Ma'no Ihsan iku gawe kebagusan 

    Kang dimaksud Ibadah nyawang Pengeran

    Yen 'ra biso cukup rumongso disawang

    Mugi-mugi gusti Allah bukak lawang.

13.Taqwo iku wedi marang Dzat kang Agung

    Ngamalake isi Quran kang temurun 

    Ati ayem sebab nerimo ing pandum

    Ndolek sangu Akhirat kang durung kadung.

14.Kito wajib ngamalake sekabehe

    Amal Syari'ate ugo Haqiqote

    Yen Syari'at bloko dadi nang Fasiqe 

    Yen Haqiqot bloko dadi nang Zindiqe.

15.Sholat salam mugo-mugo ing Atase

    Gusti kito Rosul kang banget welase 

    Nabi Muhammad paling gede 

    Syafa'ate Besok Qiyamat ora lali marang Umate.


itulah tadi syiir karangan Romo KH Agus Suaidi Sufyan pengasuh PonPes Raudlatul Muttaqien Talun Sidogembul Sukodadi Lamongan, yang saya dapatkan ketika showan di dalem (rumah) beliau. Semoga tulisan ini bisa bermanfaat bagi kita semua dan bisa melanjutkan syiar lewat Sholawat ...

Shollu Alan Nabi Muhammad

Sukodadi, Mei 2021


Penulis

Komentar

Postingan Populer